Contoh Teks MC Tahlilan Bahasa Jawa Singkat, Siap Pakai & Mudah Dihafal

- Kamis, 23 Oktober 2025 | 08:30 WIB
Contoh Teks MC Tahlilan Bahasa Jawa Singkat, Siap Pakai & Mudah Dihafal

1. Waosan Ayat Suci Al-Qur'an

Para rawuh ingkang dipun rahmati Allah, minangka acara ingkang kaping kalih, inggih menika Waosan Ayat Suci Al-Qur'an. Dhumateng sedherek/bapak [Nama Qori/Qori’ah], wekdal saha papan katuraken. Kula sumanggakaken.

(Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng [Nama Qori/Qori’ah]. Mugi-mugi kanthi waosan menika, manah kita sedaya langkung tentrem lan pikantuk berkah saking ngarsanipun Allah SWT.

2. Atur Pambagyaharja saking Shohibul Bait

Acara ingkang kaping tiga, inggih menika Atur Pambagyaharja utawi sambutan saking Shohibul Bait. Dhumateng Bapak/Ibu [Nama Tuan Rumah/Wakil], wekdal kula aturaken.

(Setelah selesai) Matur nuwun dhumateng Bapak/Ibu [Nama Tuan Rumah/Wakil] ingkang sampun paring atur pambagyaharja. Mugi-mugi keluarga almarhum/almarhumah tansah pinaringan sabar, ikhlas, lan kekiyatan.

3. Waosan Tahlil lan Doa Arwah

Acara inti ingkang kaping sekawan, inggih menika Waosan Tahlil lan Doa Arwah. Pramila, dhumateng Panjenenganipun K.H./Ustadz [Nama Kyai/Ustadz], kula suwun kanthi sanget kersa mimpin lampahing Tahlil lan Doa Arwah kagem almarhum/almarhumah Bapak/Ibu [Nama Almarhum].

Sumangga dhumateng para rawuh, kita sareng-sareng maos Tahlil kanthi khusyuk. Kula sumanggakaken.

(Setelah selesai Doa) Matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng K.H./Ustadz [Nama Kyai/Ustadz]. Mugi-mugi sedaya amal ibadah almarhum/almarhumah dipun tampi, lan dipun papanaken wonten ing swarganipun Allah SWT.

Penutup Acara Tahlilan

Para rawuh ingkang minulya, kanthi sampun dipun pungkasi maos doa, mila sampun paripurna sedaya reroncening acara Tahlil wonten ing dalu menika.

Kula minangka pambiwara, menawi wonten kirang langkungipun atur, saha lepat-lepat anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Demikianlah contoh teks MC tahlilan bahasa Jawa yang singkat dan mudah untuk dihafalkan. Semoga bermanfaat bagi Anda yang bertugas memandu acara tahlil dan kenduri.

Halaman:

Komentar